Rabu, 27 Juli 2011

undefined
undefined

cerkak me

0
SEDINO KANGGO SAK LAWASE
Dening: Asti Katrina alfiani




“sido kan,,,,?” kondoku karo rara
“sido donx,,,,, dewe bonex ow,,,,, “ pitakone rara
“ iyow ra,,,,, lha nek ora arep numpak opo??” jawabe aku
“ngesot,,,,,, hahahahahahaha” rara ntlalahi
Cah 2 kui guyu bareng ngakak karo guyon,,,,,,


“enyong ora di jex yakin,,,,,” anti teko karo mesam mesem
“ hiiiiiiiiiiiiiiiii sopo kui,,,,,,,,,, “ kondoku
“njo tinggal lungo bae ra kenal medek-medek” sambung rara
“ njo njo njo,,,,,,’”
“seng bener siiii,,,,,,,,,,,,,, “ gaya ne anti karo lebay, anti kui pancen bicah paling lebay hehehehehehehe 
Aku kelas 3 SMP kolo kui uis kadi bebas nang sekolahan, dadi mangkat sekolah yo nggo luru sangu tok karo kelayapan reng ngendy-ngendy. Yo kadi ngumah aku ngomong arep sekolah padahal ra tekan sekolah ( please ojo di tiru hehehehe ), tapi wong nyatane ues bebaas yow ra popo ra. Aku ues gawe rencana karo konco-konco silat ku, udu mung ucah SMP pokoke kabeh cah silat kadi berbagai golongan ono sing adik kelas, bocah SMA, karo senior-senior silat ku, pokoke sak perguruan arep ngadake bakar-bakar dalam rangka kelulusan ing umah ku yaiku jolotigo, kenopo ing umah ku amarga umah ku kan ing tengah-tengah kebun teh dadi cocok kanggo acara koyo kui nan.
Tapi rencana kui ora berlangsung mulus, egi konco akrab ku rikala UN ora lulus, mmmm bukane ora lulus maksude mengulang. Dadine yo acarane tertunda ngasi egiujian susulan, terus pengumuman, tembe acara kui di adakne, pernae nek acara kui sido di adake bar pengumuman kok aku karo konco-kkonco tego temen, mesti ra tego lah, wong pas pengumuman bae sedino nanges bareng-bareng nang seekolahan, amarga egi ora lulus. Tapi aku lan bocah-bocaha liyane ngenei support terus nek UN kui bukan akhir kadi sak kabehe, tetep semangat semangat dan semangat. Akhire acara bakar-bakar kui di adakne malam minggu pas egi bar pengumuman ujian mengulang.
Sekitar jam 10.00 an aku, rara, karo anti arep bali, ora bali deng tepate ngenteni jemputan anak sekolah, jemputan keren lo yaiku trek. Aku mangkat muleh nek sekolah numpak.e trek karo bocah-bocah jolotigo liyane amarga ora ono angkutan liyane selain trek, dadi yo ra popo aku ra isin yang penting mangkat sekolah terus oleh ilmu( hahahaha gayane ). Kanggo ngenteni terk jemputan sekolah kadi PTP jolotigo ues ono tempat kang biasa kanggo ngenteni, yaiku tepat.e gang kulon SMA maarif doro, terus ono uwit pelem gedhe ro umahe pak sinder, lha kui ng kono. Aku jex asik dongeng,,,,,,
“eh la duite uis kumpul kabeh kan???” aku takon
“uis mau ues tak neh ke bajay pas dewe jajan nang mab su’er kae ow?” jawabe anti


“ yoyo bener,,,,”
“eh mbak aseh karo ayu sido melu pow r?” kondo ne rara
“sido ow,,, kie jare ues nang pak jidin” aku nyambung
“ lha ngko bocah-bocah podo munggah jam piro?” pitakone anti
“ yow sekarep bocah-bocah ow yang penting dewe ngko nang kono ues siap kabeh,,, yow pog???” jawabe aku, liyane do manggut-manggut
Paz isek asix dongeng moro-moro hp ku muni mas irux sms aku,,,,,
“ weh la kowe-kowe do nang ndy rene ra reng bligo kie ayame di mex dhesex” koyo kui sms.e, aku wadul bocah-bocah terus aku kon bales.i “ lha rono ne numpak opo? Terus mesti ngko kuii munggae angel,,,,, mbox bocah liyane puo sing kon nganu ayam sing rep di enggo bakar-bakar engko bengi,,,,” mz irux balesi maneh “ ora pokoke reng umah ku ah,,,, borone be ues tak blonjo ke ro amung kow,,,,, “ ah aku cah 3 mikir-mikir nek ra rono mesti mas irux ngamuk-ngamuk, soale watake kui jengkelan, gampang jengel lah pokoke, nek uis jengkel angel ngatasi ne. tak balesi maneh sms.e “ lha aku ki nang kenekaro anti, rara rono py??? Ngesot pog???”” ra let sui mas irux balesi maneh “ wes kw ngenteni nang mbak nur po nang ngendy ngko suminteng karo bajay sing marani, enteni pokoke”
Karepe mas irux aku cah 3 kon reng umahe dhesex ojo geri geri munggah, aku uis gersah mesti engko bakale dadi rebut amarga angel menduwur areng jolotigo ne, tapi piye maneh, awan kang panas banget kui suminteng karo bajay uis marani yow uis akhire melu bae, mboh ngko nasib munggae reng jolotigo arep piye pasrah bae lah.
Tekan ngumah kang ora asing kanggo ku lan liyane yaiku umae mas irux karo mas amung anak guru silat ku sing biasa kanggo latihan . lha rencana bakar-bakar kang di adake iki nambai jadwal nek ngesok isuk-isuk sekaliyan latihan silat nang lapangan jolotigo. Tekan kono mas irux isex gawe sindhik sate karo mas amung. Aku anti, rara langsung di kon neng mburi kon neteli ayam, yo aku manut. Ning kono uis ono mbk aseh lan ayu bocah silat saka kajen nanging melu acarane bocah doro. Sekitar jam 04.00 sore bocah bocah uis do ngumpul nang umae mas irux. Lha gui sing tak wedi ke mau mesti angel munggae kan wong genah kurangen motor. Bocae 15.an motor koq mung 4 jal piye, kui urung termasuk bocah-bocah lanange lo isek nembe cah wadone tog,,,,, wah sore kang rodo mendung kui dadi angel kabeh podo tukaran ora genah. Aku di sengeni mas irux,,,
“ lha piye uis sore kow durung munggah,,,,,,,,,,,,???”
“lha arep munggah nganggo opo jal,,, mau arep numpak bonek malah di paarani rene, dong saiki malah di sengeni piye-piye mas???” aku mbela
“njo tak ter, sopo salah siji karo enyong, kowe liyane gowo motore bajay,kowe bontong tapi as nyong tak karo cariton, liyane maneng malah do santé-sante” kanda ne mas irux karo jengkel.
Akhire bocah sing uis podo nang kono podo munggah, aku numpaki motore sapi bontong karo anti karo ayu., mas irux karo cariton karo fina bontong, mbak aseh karo mbak herzi, mbak ikha karo rara, vitha karo fina karo lila. Mangkat bareng-banreng munggah reng umah ku yaiku reng jolotigo. Ayame sing di gowo gor sing balungan tog lha sing daging di gowo bocah lanang-lanang engko bengi. Pertama si perjalanan berjalan lancar, aku numpake terakhir dewe nang mburine mas irux, liyane uis do nang ngarep dewe. Pas mulai dlan-dalan tanjakan aku uis duwe firasat ora beres, iki pernae motor kok ora roso, temenan pas aku nglewati tanjakan sing paling duwur, moro-moro neng tengah tanjkan motor ku mandeg jan mandeg, dari pada mundur motore langsung tak pepete giwing terus tibo, aku cah telu bengok-bengok “ mas irux mas irux tulungi ojo bablas dhisik,,, ma irux mas irux” aku anti, karo ayu bengak bengok njaluk tulung, borone caritun krungu terus mas irux mandeg ng duwur bareng uis nulungi aku.
Akhire mas irux bali mudun njukux motor, lha aku, anti, ayu, fina, caritun, mbak ikha , karo rara di tinggal ng alas karetan, karo ngenteni motor, sore kui atise nemen amarga gerimis karo kabute kandel, saasline ntreteg rasane ing suasana koyo kuui. Yapi yo tenang bae, nek ra tenang malah ngko suasanane angel kabeh. Sekitar ing setengah jam.an bajay teko, tak kiro mas irux melu munggah maneh jebule ora, ah yo podo bae ngapusi tah, neng kono debat dhesek, mbak aseh karo vitha uis tekan nduwur, tapi di sms kon nusul, ora ono sing mbales siji o. yow uis daripada bajay di sengeni maz irux bajay tak kon mudun, ngomong masalah neng kene uis beres wae ben mas irux bombong. Bajay bali mudun, ben gampang aku ngelangsir anti karo ayyu dhesek ngko aku bali mudun maneh. Aku numpak motor jan koyo setan tenan, padahal dalan lunyu,nikung-nikung, ono kabut, gerimis, atis di tambah maneh paling parah dalane ring umah ku kui koyo kali asat soale dalane isih watu di toto tok, tapi aku ora urus yang penting tekan jolotigo terus mudun maneh. Sak wise tekan jolotigo aku mudun maneh dewenan, wiiiih tambah koyo setan numpake.
Masalah ngelangsir rampung, tekan ngumah aku adus banjur siap-siap karo ngenteni cah-cah sing durung do teko. Ning umah ku jan koyo asrama tenan ramene ora umum, sesek maneh, amarga umahku kui cilik koyo umah kontrakan. Po maneh mau mbak aseh tibo arep bablas jegur jurang dadine do mijeti mbak aseh, karo do cerito.
Sekitar jam 08.00 bengi bocah-bocah uis do kumpul kabeh ora lang ora wedok, tekone bengi amarga ana kejadian motore asrul mogok ing tengah dalan karo di cegat satpam. Dino iki pancen akeh musibah aku numpak motor ora kuat ning tanjakan, mbak aseh tibo, motor mogok, di cegat satpam, wah,,, wah,,,, bertubi-tubi. Tapi kabeh mau ilang barang uis bocah-bocah do ngumpul kabeh podo bakar-bakar sate karo do guyonan, kabeh kejadian sing ora apik ilang kabeh tinggal saate seneng-seneng karo konco-konco. Bocah lanang tugase kipas-kipas cah wedok tugase nyiap ke piring sego lan sak panunggalane. Acara berlangsung rame seneng lan wareg mestine, kabeh bocah-bocah do nginep ing umahku, amarga nek podo bali ora do wani, dadine yo do umpel-umpelan ning umahku sing ora gedhee kui. Acara rampung jam 11.00 bengi, sak wise di kekesi bocah-bocah do mlebu ing umahku podo mapan turu, umahku jan koyo panti asuhan temenan, nang ndi-ndi isine bocah, ing njobo ngarep TV isine cah lanang, cah wedox ing kamarku, tapi aku anti,egix, ayu, fina, urug keduman papan kanggo turu, amarga ing wayah bengi kang asrep banget kui do dolanan pokeran nganti jam 02.00 bengi. Aku karo liyane ra urus arep turu ngendy yang penting merem. Aku turu cedak lemari, liyane ono sing ing ngarep kamar bapak ibuku, ono sing setengah-setengah maksude awak setengah nang kamar setengah nang njobo, hahaha keren pow ra,,, pokoke semprawut banget lah.
Isuk-isuk isih mending peteng bocah-bocah do jalan-jalan ning kebun teh karo ndelok matrahari terbit. Ndeloke ning kebun teh sing mending nduwur dadine mending katon matahari terbite yow ora sak apik matahari terbit nang bali tah, tapi lumayan ,menghibur kanggo bocah-bocah kota sing nembe pertama kaline dolan reng gon deso ku. Bar do jalan-jalan guru silat ku teko, bocah-bocah do salin terus do latihan.
Bar do latihan ibu ku uis nyiapi sarapan, terus makan bareng-bareng maneh. Guru ku pamitan karo wong tuo ku amarga ono acara. Tapi bocah-bocah baline do nyante dolan dhesex ing umah. Bar do sarapan aku lan bocah-bocah liyane podo dolanan pokeran maneh, aku nembe iso dolanan pokeran yo gara-gara ono acara kui, mangklie aku dadi pinter nek kon dolanan pokeran hehehehehe . Rame tenan dolanane soale sing kalah di coret nganggo areng turahan bakar-bakar mau bengi raine. Opo maneh dolanane karo cah lanang-lanang sing maene do wagu-wagu alias curang tambah dadekke rame.
Sak nalika srengnge uis ketutup kabut bocah-bocah pamit arep do bali, pamit karo bapak ibuku, terus pamitan karo aku, pernae tembe sedelo aku seneng-seneng bareng karo kowe-kowe kok moro-moro do bali batinku. Aku ngeter tekan jembatan ngarep pabrik,,,,,
“ bali dhesek yo as,,,,,, “ kandane bocah bocah
“ iyow ati-ati ow maz irux, mas amung, asrul,bajay, suminteng, sapi, agun, anti, rara, mbak aseh, mbak ikha, mbak hersi, lila, lulu, vita,,,,, “ kondoku tak sebut ke siji-siji
“ lha enyonge ora yakin,,,,, “ ayu ngomong karo ngepel ke tangan
“ hahahahah iyo ayu ati-ati nang dalan,,,,,”
Bocah-bocah do bali, aku yo melu bali, rasane kemranyas urung pingin pisah karo bocah bocah kae. Sedelo maneh aku bakal angel ketemu bocah-bocah kae, amarga sekolahe mesti uis do bedo-bedo, rasane aku durung pingin pisah karo konco-koncoku kang akrab banget karo aku. Kejadian sing uis di jalani bareng-bareng mesti ora bakal tak lupakno, Ingsyaallah aku tetep kelingan ning njero atiku, ora gampang luru konco kang gelem rekoso bareng karo seneng bareng. Acara ing umah ku kui tak daadike kenangan sing paling nyenengke karo konco-koncoku sing tak tresnani, lan kanggo pangeling-pangeling yen ngemben biso dolan bareng-bareng maneh ing jolotigo, nek biyen dewe tau seneng-seneng bareng nang kene. Sedino iki mau bakal tak dadek ke kenangan kang endah sak lawase.




TAMAT

0 komentar:

Posting Komentar